Pawarten singkatan saka Paseduluran Warga Klaten, Pawarten duweni cabang ing berbagai kota nek Indonesia. koyoto Pawarten Bandung, Pawarten Jakarta, Bogor, Bontang lan lia-liane. Pawarten ing cabang masing-masing sering ngeneake pertemuan kanggo ajang silaturahmi antar warga klaten sik merantau nek luar daerah. Tujuane kanggo saling mengenal lan keakraban tumrape warga klaten sik lagi merantau.
Pertemuan masing-masing cabang sering dieneke 3 wulan pisan. tergantung juga kro kesepakatan masing-masing cabang. Kapan yoo..ngeneke pertemuan Nasional? misale pertemuan untuk perantau seluruh klaten sik merantau nek endi wae. jane kanggo ngawekani silaturahmi seluruh pawarten nek ngendi wae yoiku nganggo sarono web utowo internet. salah sijine yo blog iki. mugo-mugo isoh kanggo ajang silaturahmi wargo klaten nek endi wae.
kejobo milis sik wis aktif nek http://groups.yahoo.com/group/klaten/ sik biso kanggo ajang diskusi lan silaturahmi jane luwih apik nggawe web forum kanggo diskusi. utowo gawe web dewe sik isoh kanggo ajang silaturahmi. nek wis rumaket apik nek forum trus kapan-kapan di eneke kumpulan atau kopi darat, gen isoh ketemu langsung lan luwih akrab sak kabehe.
DIarsipkan di bawah: Informasi | Ditandai: klaten, paseduluran, pawarten, warga
pendatang baru mau ikutan gabung, tolong dong informasi yang lebih lengkap untuk masuk pawarten